DURMA
Duh kusuma sun siaga palakrama
setya lahir lan batin
pasrah jiwa raga
teteg tan kena goda
tuhu saka jroning ati
nora mung dora
tresnaku mung mring yayi
(1 November 2006 ,19.00 wib)
Sekar-sekar menur melati lan mawar
arung angganda wangi
tinon samya mekar
amencorong sumunar
yekti puspa ingkang edi
sengsem kang mulat
gawe bungah ing ati
( 1 November 2006, 20.30 wib)
wus tinabuhgangsa kang daya tengara
gumuruh lir jaladri
asung suka bagya
marang kang palakrama
lir dewa klawan dewi
tedaking ngarsa
nitih baitha suci
pra miyarsa kang lenggah sak jroning pura
kakung kalawan estri
wus samya aprapta
pada rebut ing ngarsa
mersani temanten yekti
asurak-surak
katut bungahing ati
mangu mangu eling wong ayu utama
kapang sakjroning galih
mung tansah ngalela
dalu datan bisa nendra
yayi mustikaning ati
kang sabar nrima
ya wanitakang bekti
duh wong manis tambana brangtaning wang
dadia garwa mami
sampun pitung canra
ngon sun ngronce tresna
sineksen siang ratri
lir lali mangsa
pondong ing tepas wangi
Titi
mangsa lumaku mubeng lir rodo
rina gumanti wengi
yen wus surut surys
surem-surem ing njaba
mula acaketa yayi
marang pun raka
goda sirna ing galih
nora krasa yuswa wus sansaya tua
wus dugi titi wanci
sareng ngolah rasa
tan bisa pinisahna
awak ringkih rambut putih
bebasan sirna
tentrem sak jroning ati
gusti kula inggkang ngripta alam donya
lunturna pangaksami
dating jasat kula
kang sampun katah dosa
prasasat matumpa tumpi
datan kinira
gusti kang moho asih
gambuh
kepranan mring wong ayu
rikma cemeng rinonce skar rum
nenggih wanita kang sulisya ing warni
kasmaran sakjroning kalbu
marang mustikaning wadon
satunggal kang ginayuh
ati kalih bisaa jumbuh
dadi siji tan gawe laraning ati
mugi tan ana reridu
lumampah bareng sakkloron
apa pancen sliramu
ingkang cinipta saka balungku
kang kuwagang ngrukti saha ngabekteni
tuhu wanita kang ayu
pinilih sakin pro wadon
angel temen sratimu
kudu-kudu aku among nesu
yen sliramu mung nuruti swaraning ati
tan gelem miring aturku
saben-saben mung padudon
aja pijer cemburu
angger aku creak ro wong ayu
ra orane yen aku cidra ing janji
mbok nguyu aja nesu
yen besengut saya awon
bingung yen kowe nesu
nora nalar mung ngajak padu
yen jak crita ra percaya malah nangis
sakbanjure lunga mlaku
Mendel mawon yen jak ngomong
Kudu sabar sliramu
Yen wus prasetya labuh mring aku
Pancen dangu ngon kita njumbuhke ati
Mula mantepa wong ayu
Kanthi tresna lahir batin
Maskumambang
Liwang liwung kapang kepanggih si yayi
Kuwur jroning nala
Yenta yayi datan prapti
Sun tan bisa meper brangta
Datan lali marang lelakone uni
Bungah klawan susah
Dipun lampahi sami
Tebih saking sambikala
Duh wong ayu sampun dugi titi wanci
Sun netepi setya
Dados garwane siadi
Mugi bisa sak laminya
Ana ana wae kang ngreridu ati
Siyayi cubria
Putrid sanes ngoda ati
Mangka kanca sun tan tresna
Jo mirengke peksipeksi pating cruwit
Mung gawe cubria
Percaya mring wak mami
Aja was-was lan sumelang
Ajur mumur keprungu tangise yayi
Sun tan duwe daya
Ilang bebayune mami
Rinujit sakjroning nala
Duh wong manis aja sungkawa lan nangis
Eling duk semono
Lara lapa den adepi
Jo ngungun mundak nalangsa
Nora bakal kawula cira ing janji
Mung sliramu nimas
Kang ana sak jroning ati
Tan ana wanita lia
Kang kasebut katresnan iku tho yayi
Jujur lan percaya
Data cubria ing ati
atur prasaja tan dora
nimas ayu barengnyuwun mring sang gusti
tinebehna goda
caketna kabeh rejeki
bagya mulya kang jinangka.
Mijil
Sekar alit kang tinulis niki
Sarana myang karsa
Ing panjaka dadi panglipure
Paran para kang sami miyarsi
Mila lunturna sih
Mring wang kang nir kawruh
Paringana pangaksama mami
Lamun taksih bodho
Nulis basa lan tetembungane
Ing sak jroning sekar alit niki
Sastra tan nyukupi
Cubluk kawruhipun
Rasa ajrih ing sak jroning galih
Tasih winiraos
Yen kawruhan para sarjanane
kang mumpuni Ing babagan gurit
linuwih ing ilmi
sampuna ing kawruh
lamun kula mboten wani nulis
among Mendel mawon
datan bisa tinambah kawruhe
mila kawula kumedah ngangit
ngrenda tembung manis
sarta basanipun
pitung candra ingkang wus kawuri
sun kasengsem mrang wong
putrid kang ayu solah bawane
kang wus mijil kanthi beksan edi
luhur esem manis
ya jalma pinunjul
duh wong ayu kang ingsun tresnani
manuta sunpondong
sun jak mukti ing dinten samangke
bareng nitih baitha kan suci
tentrema kang lami
bungah manahipun
eling eling marang laku mami
darbe trena loro
wanita kang pada ngabektine
saha setya lan samya gemati
tan cuwa ing ati
gawe awak bingung
duk semana sun kumedah milih
sawiji kemawon
kadospundi blaka ing tembunge
kuwur lan bingung sak jroning galih
wedi mingget ati
tan wani ketemu
amarga kuwasane sang gusti
ya kang maha maknon
angudari kabeh perkarane
paring dalan anggon kula milih
saking putrid kalih
ingkang sami ayu
caritane wonten wayah bengi
sun mapak ing progo
tan kinira dawah ing dalane
dawah kang dados sarana margi
milih garwa ningsun
wus pinilih siji saking kalih
cahyane mancorong
rekma ingkang dawa denya ure
pakulitanipun ireng manis
raganipun alit
prasaja yen matur
POCUNG
Ayu
iku
Mung
gumantung saka kalbu
Atur
kang prasaja
Tindak-tanduk
ngelam-lami
Ayu
yekti gemati sabar lan nrimo
(
Tlaga sudang,…………..)
Beksan
yayi
Gawe
sengsem jroning kalbu
Wirasa
wiraga
Wiromo
sak jroning diri
Obah
asta kairing rasa ing jaja
(
Tlaga sudang,…………..)
Duh
wong manis
Rekmo
cemeng kadya wilis
Netro
mblalak-mblalak
Gandes
luwes merak ati
Mung
sliramu wong ayu kang sun pepuja
(
Tlaga sudang,…………..)
Tresna
ningsun
Sineksen
deneng hyang agung
Muga
langgeng mulya
Pangajab
kathah rejeki
Tresna
tuhu dangu tekeng pupus yuswa
(
Tlaga sudang,…………..)
Sesotyaku
Tuhu
rencang siang ndalu
Bungah
klawan susah
Tan
mendha nggenya ngencangi
Muga
setya sliramu tekeng sun seda
(
Tlaga sudang,…………..)
Duh
wong ayu
Ayo
nguyu aja nesu
Delengen
ing njoba
Pakaryan
wus nganti-anti
Aja
nesu ngersula yen wus sun garwa
(
Tlaga sudang,…………..)
Garwaningsun
Tak
pepuji tak sesuwun
Aja
pijer duka
Yen
persa sun kang sayekti
Kedah
sabar linambaran rasa tresna
(
Tlaga sudang,…………..)
Kang
sun udi
Keluarga
kang utami
Tentrem
kang jinangka
Antuk
pepadanging gusti
Bagyo
mulya gawe laku kang utama
(
Tlaga sudang,…………..)
Pamintaku
Ngaji
sholat limang wektu
Manembah
mring Allah
Pangajabku
munggah haji
Putra
soleh lan bekti marang wong tua
(
Tlaga sudang,…………..)
Tresna
jati
Pracaya
garwa sayekti
Nora
nate dora
Prasaja
kang den lakoni
Ulat
padang kangge ngedemke perkara
(
Tlaga sudang,…………..)
DHANDANGGULA
Aja
sira kepengin nandangi
Pakaryan
gede lir geni mawa
Amargo
arang tekane
Kang
karep siro sandung
Wujud
pakaryan engkang cilik
Aja
ngemehke sira
Iku
kang tinemu
Yen
siro during kulina
Marang
pakaryan gampang kang siro udi
Temen
lan tlatenana
(
Tlaga sudang,16.00 wib, 19 okt 2006)
Pakaryan
ingkang siro upadi
Senadyan
katon remeh pisan
Lakonono
kanthi temen
Sebab
pakaryan mau
Ono
mergo kersaning gusti
Mulo
lir samubarang
Kang
arang tinemu
Tindakno
lan syukurana
Kanthi
ati suci atasno kersaning Gusti
Tentrem
urip nira
(
Tlaga sudang,19.00 wib, 19 okt 2006)
Duh
wong ayu mustikaning ati
Kadya
sesotya merah delima
Kuning
sumunar cahyane
Yekti
jalmo pinunjul
Sorot
netrane engkang wening
Karengga
ing busana
Dasar
bocah ayu
Senajan
sarwo prasaja
Nanging
bisa nglunturake tresna mami
Ywa
sigaraning nyawa
(
Tlaga sudang,07.00 wib, 21 okt 2006)
Aja
ndeleng mung ireng lan putih
Cahya
ing ndonya maneka warna
Mula
ajo gage-gage
Anggarani
celathu
Waspadakno
wujude yekti
Kuning
biru pa abang
Ijo
opo klawu
Kabeh
cahya mono endah
Gumantung
marang kebagusan ing ati
Lan
tindak tanduk nira
(
Tlaga sudang,09.30 wib,21 okt 2006)
Tresnamu
kang tuwuh saking ati
Ampun
luntur tekeng pupus yuswa
Gemati
marang garwane
Lan
nora remen nesu
Syukur
marang kabeh rejeki
Sumeh
yentho ngendika
Binary
ing pandulu
Atur
prasaja tan dora
Tansah
gemi setiti lan ngati-ati
Adoh
saking pandakwa
(
Tlaga sudang,10.30 wib, 21 okt 2006)
Siang
ratri sampun dadi seksi
Tresna
ningsun marang jeneng sira
Wus
pitung condra lamine
Rumaos
dereng dangu
Ngrantam
ngronce kareping ati
Pratela
tansah setya
Saking
jroning kalbu
Bagyo
sesarengan
Bungah
klawan susah den lampahi
Nyawiji
tekeng seda
(
Tlaga sudang,10.30 wib, 22 okt 2006)
Dino
kang ndak anti wus dumugi
Sigra
rengganen busana nira
Ati
suci sesotyane
Cunduk
mentule laku
Dodot
eklas kemben gemati
Nyamping
sabar narima
Kampuh
setya tuhu
Ja
lali rasukan nira
Paesan
bungah lan manembah mring Gusti
Sunggingan
palakrama
(
Tlaga sudang,12.00 wib, 22 okt 2006)
Peteng
ndedhet mendhung anutupi
Swara
guntur jumegur ing tawang
Angin
topan lindu gedhe
Pratandane
punika
Alam
ndonya wus ngegirisi
Pra
jalma sami seda
Amal
musno lampus
Tangis-tangis
angumandanng
Salang
tunjang wong mlayu kang wedi mati
Amarga
okeh dosa
(
Tlaga sudang,21.50 wib, 23 okt 2006)
Putraningsun
aja pijer nangis
Cup
menengo sun kudang sun emban
Mugo
sholeh dinten mangke
Ngugu
dhawuhe ibu
Sembahyang
manembah mring Gusti
Tresna
mring kabeh jalma
Dadi
wong pinunjul
Nora
ninggal tata krama
Prasaja
lembah manahlan luhur budi
Dadya
jalma utama
(
Tlaga sudang,22.35 wib, 23 okt 2006)
adem panas kepenak lan risi
keju pegel kaku bajur lega
iku kang den rasakake
gumun getun lan ngungun
bungah susah demen lan gething
cuwa gela tur jinja
murka klawan nesu
tuwuh ngenes nanging gila
isin wedi sumelang wus dadi siji
yekti rahsa ing jalma
kinanti
tak
kudang kudang anakku
besuk
gede gelem ngaji
tansah
nglakoni sembahyang
cegah
dahar lawan guling
nindake
dawuh agama
tansah
ngegulang ing ilmi
sun
kanthi rinten lan dalu
sun
emban kanthi gemati
tak
kudang tak lela-lela
karep
sun ben nora nangis
dadia
jalma utama
migunani
mring agami
nger
bektia mrang ibumu
kang
wus ngalirke si reki
toh
jiwa kalawan raga
nresnani
tulus ing ati
nora
menda merga yuswa
ngrukti
sira siang ratri
aja
nangis nger anakku
putraku
kang tak tresnani
kae
ana mega-mega
kang
sumundul langit
bulan
ing sak jroning tawang
lintang-lintang
pating kerlip
aja
dadi wong adigung
ingkang
nyuwun diajeni
dadio
wong andap asar
anjaga
ajining diri
tembung
lathi dipun tata
damel
sengseme sesami
eling
sholat limang waktu
dzuhur
a’sar banjur magrib
isya’
subuh tan tininggal
nglakoni
prentah agami
sarana
caket mring allah
kanggge
sangune pra jalmi
rugi
wong tan duwe ilmu
ginubeng
slintru ing pikir
kurang
sidik ing pamawas
rinajek
deling tan lantip
tan
titis ing panggraita
cingkrang
ngonnya olah budi
sangu
jalma ana telu
kang
den gawa yento mati
anak
soleh kang ndedonga
ilmu
ingkang manfaatti
kalawan
amal jariah
iku
tuntunane nabi
mangajabpa
ingkang luhur
duwur
lan sumundul langit
muga
bisa tinarbuka
kekarepan
bisa mukti
budi
daya lan ndedonga
nyuwun
marang kang arohqim
yen
wus dewasa anakku
ngudia
ilmu utami
maca
a buku pustaka
ja
lali ilmu agami
aja
kasendat ing yuswa
tekeng
seda dipun udi
Asmaradana
Adoh
sliramu mung sepi
Datan
bisa ingsun nyawang
Kadya
rinujit rasane
Banjur
kapan yayi prapta
Atiku
datan kuwawa
Kaya
ilang bebayuku
Duh
yayi sun nandang brangta
Datan
kanthi jroning ati
Enggal
pingin sesandingan
Yayi
kang manis eseme
Ndang
prapta a aduh nimas
Wus
dangu ngon sira lunga
Takanti
siang lan dalu
Ingsun
wedi yen kijenan
Adem
kekes tanpa yayi
Nora
ana gegojekan
Guyumu
ingsun tak mireng
Amung
leledang ing netra
Kumlebat
yen wayah rina
Aduh
yayi pepujanku
Ingsun
wu ora kuwagang
Garwaku
tuhu kang manis
Sawangen
sekar sumerbak
Arum
lan wangi gandane
Kupu
mencok datan oncat
Kepranan
warna endah
Lha
kumbange ngisep madu
Agisep
sarine kembang
Saka
pucuk gunung yekti
Katresnan
jati den gawa
Kekanten
donga lan karep
Tumuju
wonten ing taman
Ingkang
kebak sesekaran
Mung
kepinging ngisep madu
Kagawa
ana ing tala
Sikumbang
mabur nyaketi
Pucuk
kembang panca warna
Bingung
sang kumbang milihe
Mabur
anyaketi sekar
Endah
katon sinawang
Pundi
ingkang kula wengu
Ucape
bingung si kumbang
Kupu
nguyu nyongas ati
Sikumbang
ndongkal ing jaja
Nyawang
kupu ngece-ece
Kalara-larta
batinnya
Latu
ning ati mangulat
Kumbang
mabur saya duwur
Kanggo
ngleremake rasa
Kebang
mawar lanmelati
Ngawe
kumbang ing angkasa
Medunan
kumbang tembunge
Nyaketa
aja trus lunga
Pakaryanmu
rampungana
Antepna
kekarepanmu
Sikupu
iku mung ngoda
Lintang-
lintang dadiseksi
Tinamatan
padang bulan
Duk
semono sun lairke
Tresnaku
kang tuhu nimas
Lair
batin jiwa raga
Ngati
tekeng ingsun lampus
Muga
tansah cinaketna
Eling-eling
tansah eling
Duh
yayi putri utama
Gandes
luwes sak solahe
Binalut
busana endah
Prasaja
yenta ngendikan
Dasare
bocah kang ayu
Kang
nlunturke tresna ning wang