Code


Wednesday 15 August 2012

Penghargaan Menteri Pendidikan




Tepi Malam Jonggrang-Juara I "Best Story" Pagelaran Busana UNY


Tepi Malam  putri prambanan
Naskah: Gondhol Sumargiyono, S.Pd.T

Adegan 1.
Sri paduka Baka:
Jongrang, apa yang kau pikirkan?

Jongrang:
Sri paduka, Aku  merasa sendirian, sejak kematihan kakandaku sri karung kala, Daun-daun mulai berguguran, angin yang dulu berhembus seakan berhenti memberi sentuhan, belaianya hampa, nyayianya sepi, Prambanan senyap tanpa tawa Sri karungkala sang raja raksasa yang sayang pada aku,aku! rara jongrang adik nya yang lemah ini.

Sri paduka Baka:
Sudahlah jongrang, bukankah  kini ada aku, Drembamoha putra endang panepi , yang sudah kau nobatkan sebagai Prabu Baka,

Jongrang :
Ya..ya sri paduka, tapi ....

Sri paduka baka:
Tapi apa?

Jongrang:
Aku miris ketika mengingat gulungan api dari cundamanik, senjata itu yang mengulung prajurit prambanan, dan..... panah cundamanik itu pula yang menembus  ..... yang menembus  dada sri karung kala. Panah Darmamaya itu telah memutus leher kakanda Sri karungkala.

Sri paduka baka:
Jongrang , jangan bersedih, masih kah kau ingat  cahaya merah membara yang lepas dari tubuh sri karungkala, cahaya itu! , cahaya itu menitis pada putra dari resi manikara, dan yang dulu dirawat raseksi wiwitra. Cahaya itu ada ditubuhku!. baka ini titisan srikarungkala. (Mendekat) Adiku yang manis, jangan engkau terlulu bersedih hati, akan ku kembalikan mahkota kerajaan prambanan dari pengging kepadamu , itu janjiku padamu






Adegan 2;
Perang :


Prabu baka:
Pagi-pagi buta,sudah kau tiup sangkakala, katabuh bende peperangan, apakah kau tidak takut mati

Bandung bandawasa
Mati ?  putra darmamaya ini tidak takut mati baka.

Prabu baka
Ah..... apa kau putra darmamaya? ,

Bandung bandawasa:
Ya aku putra darmamaya, bandung bandawasa senapati  pengging

Prabu baka:
Bandung bandawasa, apa yang kau andalkan, cundamanik telah menjadi satu dengan ragaku, kau tidak lebih dari semut yang tak punya daya

Bandung bandawasa:
Doa restu dari ibunda,dan kekuatan dari para dewa yang mengirim aku untuk memusnahkanmu dari muka bumi.

Prabu baka :
Kau siap  mengantarkan nyawamu.

Perang :
Diciptanya pasukan jin setan dari baka tapi kalah baka mati



Adegan 3:
Jongrang :
Lagi-lagi, awan hitam membayang di prambanan, akankah senja terus kelam, surya tegelam meninggalkan kemegahan kerajaan prambanan, prabu baka telah maju kepeperangan, tapi hati ini juga tak tenang. Burung pemakan bangkai berkeliaran, araoma bunga kematian kian dekat

Rakyat :
Sri paduka gugur! Prabu baka gugur!




Rara jongrang :
Sri baginda gugur? Oh........kanda ......(rara jongrang lari , semua sudah mati , saudara sudah mati)

.Aku telah sebatang kara.

Bandung :
Hai wanita bermuram durja ada apa gerangan kau terdiam.

Jongrang :
Keluargaku musnah, tewas ditikamkejamnya perang pengging dan prambanan.

Bandung :
o....Bisakah nyawa ini memberimu percikan sinar kebahagiaan, maaf .... cobala tersenyum, lalu akan kucoba mengajak burung-burung itu kemari dan berkicau menghiburmu

jongrang :
maafkan aku lelaki yang baik hati,hatiku sudah tak kuasa menahan pedihnya ditingal satu persatu keluargaku, senopati pengging itu telah menghancurkan prambanan.

Bandung :
Begitu rupanya, tapi cobalah tersenyum terlebih dulu, biar kelalawar hitam itu tak berterbangan. Ayo tersenyumlah.

Jongrang :
(tersenyum biarpun sedikit)

Dipegang tangan dan diberi bunga
Bandung :
Oh... rupanya prambanan, tidak hanya tempat para raksasa, rupanya juga ada setangkai bunga yang memang harum dan indah,
o.... tidak hanya bunga, tapi ini lebih dari bunga , ini indurasmi, cahaya rembulan yang dapat menyinari prambanan walau kelam. Hai wanita putri prambanan, aku terpikat dengan kecantikanmu

Jongrang :
Maaf siapakah kakanda ini
Bandung :
Aku bandung bandawasa

Jongrang :
Apa? Bandung bandawasa ....

Bandung :
Ya aku bandung bandawasa

Jongrang ;
. kau yang menghancurkan prambanan. Tak tahukah aku ini rara jongrang adik dariprabu baka

Adegan 4:
Bandung bandawasa:
o..... sebuah kebetulan untuk menutupkesalahnku ikutlah dalam kedamaian dipengging


jongrang:
dalam jiwa yang gelap masih juga kau tertawa, kelam, hitam dalam hatiku tak mungkin memberimu titik putih. Bandung  tidakkah kau malu setelah kau bunuh keluargaku kau juga ingin aku, apa bedanya kau dengan para kurcaci.aku rara jongrang tidak sudi

bandung :
ohhhh...jonggrang, suaramu sungguh merdu, wajahmu sayu, catik, ranum,...ah......terimalah timangku , nyawa ini akan memberimu kedamaian,  akan ku boyong engkau kepengging.

jongrang :
bandung,bandung  bukankah ibumu dewi rarasati juga tidak mau menjadi putri boyongan,

bandung :
oooo ......rupanya kau tahu ibuku

jongrang
ya aku tahu, dan karena ialah kakaku sri karungkala mati,
ibumu tidak mau jadi putri boyong

bandung :
tapi aku berbeda, jongrang jika kulihat kau sebenarnya mempunyai rasa cinta kepadaku, jangan kau menolak apa kata hatimu sendiri.

Penolakan :
Bandung  , bunuhlah saya, daripada harus dibawa kepengging sebagai putri boyongan.

Macapat Serat Pangrantu-100 Macapat karya Gondhol


DURMA
Duh kusuma sun siaga palakrama
setya lahir lan batin
pasrah jiwa raga
teteg tan kena goda
tuhu saka jroning ati
nora mung dora
tresnaku mung mring yayi
(1 November 2006 ,19.00 wib)

Sekar-sekar menur melati lan mawar
arung angganda wangi
tinon samya mekar
amencorong sumunar
yekti puspa ingkang edi
sengsem kang mulat
gawe bungah ing ati
( 1 November 2006, 20.30 wib)

wus tinabuhgangsa kang daya tengara
gumuruh lir jaladri
asung suka bagya
marang kang palakrama
lir dewa klawan dewi
tedaking ngarsa
nitih baitha suci

pra miyarsa kang lenggah sak jroning pura
kakung kalawan estri
wus samya aprapta
pada rebut ing ngarsa
mersani temanten yekti
asurak-surak
katut bungahing ati

mangu mangu eling wong ayu utama
kapang sakjroning galih
mung tansah ngalela
dalu datan bisa nendra
yayi mustikaning ati
kang sabar nrima
ya wanitakang bekti

duh wong manis tambana brangtaning wang
dadia garwa mami
sampun pitung canra
ngon sun ngronce tresna
sineksen siang ratri
lir lali mangsa
pondong ing tepas wangi

Titi mangsa lumaku mubeng lir rodo

rina gumanti wengi
yen wus surut surys
surem-surem ing njaba
mula acaketa yayi
marang pun raka
goda sirna ing galih

nora krasa yuswa wus sansaya tua
wus dugi titi wanci
sareng ngolah rasa
tan bisa pinisahna
awak ringkih rambut putih
bebasan sirna
tentrem sak jroning ati

gusti kula inggkang ngripta alam donya
lunturna pangaksami
dating jasat kula
kang sampun katah dosa
prasasat matumpa tumpi
datan kinira
gusti kang moho asih

gambuh


kepranan mring wong ayu
rikma cemeng rinonce skar rum
nenggih wanita kang sulisya ing warni
kasmaran sakjroning kalbu
marang mustikaning wadon

satunggal kang ginayuh
ati kalih bisaa jumbuh
dadi siji tan gawe laraning ati
mugi tan ana reridu
lumampah bareng sakkloron

apa pancen sliramu
ingkang cinipta saka balungku
kang kuwagang ngrukti saha ngabekteni
tuhu wanita kang ayu
pinilih sakin pro wadon

angel temen sratimu
kudu-kudu aku among nesu
yen sliramu mung nuruti swaraning ati
tan gelem miring aturku
saben-saben mung padudon

aja pijer cemburu
angger aku creak ro wong ayu
ra orane yen aku cidra ing janji
mbok nguyu aja nesu
yen besengut saya awon

bingung yen kowe nesu
nora nalar mung ngajak padu
yen jak crita ra percaya malah nangis
sakbanjure lunga mlaku
Mendel mawon yen jak ngomong

Kudu sabar sliramu
Yen wus prasetya labuh mring aku
Pancen dangu ngon kita njumbuhke ati
Mula mantepa wong ayu
Kanthi tresna lahir batin

 

Maskumambang

Liwang liwung kapang kepanggih si yayi
Kuwur jroning nala
Yenta yayi datan prapti
Sun tan bisa meper brangta

Datan lali marang lelakone uni
Bungah klawan susah
Dipun lampahi sami
Tebih saking sambikala

Duh wong ayu sampun dugi titi wanci
Sun netepi setya
Dados garwane siadi
Mugi bisa sak laminya

Ana ana wae kang ngreridu ati
Siyayi cubria
Putrid sanes ngoda ati
Mangka kanca sun tan tresna

Jo mirengke peksipeksi pating cruwit
Mung gawe cubria
Percaya mring wak mami
Aja was-was lan sumelang

Ajur mumur keprungu tangise yayi
Sun tan duwe daya
Ilang bebayune mami
Rinujit sakjroning nala

Duh wong manis aja sungkawa lan nangis
Eling duk semono
Lara lapa den adepi
Jo ngungun mundak nalangsa

Nora bakal kawula cira ing janji
Mung sliramu nimas
Kang ana sak jroning ati
Tan ana wanita lia

Kang kasebut katresnan iku tho yayi
Jujur lan percaya
Data cubria ing ati
atur prasaja tan dora

nimas ayu barengnyuwun mring sang gusti
tinebehna goda
caketna kabeh rejeki
bagya mulya kang jinangka.

 

Mijil

Sekar alit kang tinulis niki
Sarana myang karsa
Ing panjaka dadi panglipure
Paran para kang sami miyarsi
Mila lunturna sih
Mring wang kang nir kawruh

Paringana pangaksama mami
Lamun taksih bodho
Nulis basa lan tetembungane
Ing sak jroning sekar alit niki
Sastra tan nyukupi
Cubluk kawruhipun

Rasa ajrih ing sak jroning galih
Tasih winiraos
Yen kawruhan para sarjanane
kang mumpuni Ing babagan gurit
linuwih ing ilmi
sampuna ing kawruh

lamun kula mboten wani nulis
among Mendel mawon
datan bisa tinambah kawruhe
mila kawula kumedah ngangit
ngrenda tembung manis
sarta basanipun

pitung candra ingkang wus kawuri
sun kasengsem mrang wong
putrid kang ayu solah bawane
kang wus mijil kanthi beksan edi
luhur esem manis
ya jalma pinunjul

duh wong ayu kang ingsun tresnani
manuta sunpondong
sun jak mukti ing dinten samangke
bareng nitih baitha kan suci
tentrema kang lami
bungah manahipun

eling eling marang laku mami
darbe trena loro
wanita kang pada ngabektine
saha setya lan samya gemati
tan cuwa ing ati
gawe awak bingung
duk semana sun kumedah milih
sawiji kemawon
kadospundi blaka ing tembunge
kuwur lan bingung sak jroning galih
wedi mingget ati
tan wani ketemu

amarga kuwasane sang gusti
ya kang maha maknon
angudari kabeh perkarane
paring dalan anggon kula milih
saking putrid kalih
ingkang sami ayu

caritane wonten wayah bengi
sun mapak ing progo
tan kinira dawah ing dalane
dawah kang dados sarana margi
milih garwa ningsun

wus pinilih siji saking kalih
cahyane mancorong
rekma ingkang dawa denya ure
pakulitanipun ireng manis
raganipun alit
prasaja yen matur

POCUNG

Ayu iku
Mung gumantung saka kalbu
Atur kang prasaja
Tindak-tanduk ngelam-lami
Ayu yekti gemati sabar lan nrimo
( Tlaga sudang,…………..)

Beksan yayi
Gawe sengsem jroning kalbu
Wirasa wiraga
Wiromo sak jroning diri
Obah asta kairing rasa ing jaja
( Tlaga sudang,…………..)

Duh wong manis
Rekmo cemeng kadya wilis
Netro mblalak-mblalak
Gandes luwes merak ati
Mung sliramu wong ayu kang sun pepuja
( Tlaga sudang,…………..)

Tresna ningsun
Sineksen deneng hyang agung
Muga langgeng mulya
Pangajab kathah rejeki
Tresna tuhu dangu tekeng pupus yuswa
( Tlaga sudang,…………..)

Sesotyaku
Tuhu rencang siang ndalu
Bungah klawan susah
Tan mendha nggenya ngencangi
Muga setya sliramu tekeng sun seda
( Tlaga sudang,…………..)

Duh wong ayu
Ayo nguyu aja nesu
Delengen ing njoba
Pakaryan wus nganti-anti
Aja nesu ngersula yen wus sun garwa
( Tlaga sudang,…………..)

Garwaningsun
Tak pepuji tak sesuwun
Aja pijer duka
Yen persa sun kang sayekti
Kedah sabar linambaran rasa tresna
( Tlaga sudang,…………..)

Kang sun udi
Keluarga kang utami
Tentrem kang jinangka
Antuk pepadanging gusti
Bagyo mulya gawe laku kang utama
( Tlaga sudang,…………..)

Pamintaku
Ngaji sholat limang wektu
Manembah mring Allah
Pangajabku munggah haji
Putra soleh lan bekti marang wong tua
( Tlaga sudang,…………..)

Tresna jati
Pracaya garwa sayekti
Nora nate dora
Prasaja kang den lakoni
Ulat padang kangge ngedemke perkara
( Tlaga sudang,…………..)



DHANDANGGULA


Aja sira kepengin nandangi
Pakaryan gede lir geni mawa
Amargo arang tekane
Kang karep siro sandung
Wujud pakaryan engkang cilik
Aja ngemehke sira
Iku kang tinemu
Yen siro during kulina
Marang pakaryan gampang kang siro udi
Temen lan tlatenana
( Tlaga sudang,16.00 wib, 19 okt 2006)


Pakaryan ingkang siro upadi
Senadyan katon remeh pisan
Lakonono kanthi temen
Sebab pakaryan mau
Ono mergo kersaning gusti
Mulo lir samubarang
Kang arang tinemu
Tindakno lan syukurana
Kanthi ati suci atasno kersaning Gusti
Tentrem urip nira
( Tlaga sudang,19.00 wib, 19 okt 2006)

Duh wong ayu mustikaning ati
Kadya sesotya merah delima
Kuning sumunar cahyane
Yekti jalmo pinunjul
Sorot netrane engkang wening
Karengga ing busana
Dasar bocah ayu
Senajan sarwo prasaja
Nanging bisa  nglunturake tresna mami
Ywa sigaraning nyawa
( Tlaga sudang,07.00 wib, 21 okt 2006)


Aja ndeleng mung ireng lan putih
Cahya ing ndonya maneka warna
Mula ajo gage-gage
Anggarani celathu
Waspadakno wujude yekti
Kuning biru pa abang
Ijo opo klawu
Kabeh cahya mono endah
Gumantung marang kebagusan ing ati
Lan tindak tanduk nira
( Tlaga sudang,09.30 wib,21 okt 2006)


Tresnamu kang tuwuh saking ati
Ampun luntur tekeng pupus yuswa
Gemati marang garwane
Lan nora remen nesu
Syukur marang kabeh rejeki
Sumeh yentho ngendika
Binary ing pandulu
Atur prasaja tan dora
Tansah gemi setiti lan ngati-ati
Adoh saking pandakwa
( Tlaga sudang,10.30 wib, 21 okt 2006)


Siang ratri sampun dadi seksi
Tresna ningsun marang jeneng sira
Wus pitung condra lamine
Rumaos dereng dangu
Ngrantam ngronce kareping ati
Pratela tansah setya
Saking jroning kalbu
Bagyo sesarengan
Bungah klawan susah den lampahi
Nyawiji tekeng seda
( Tlaga sudang,10.30 wib, 22 okt 2006)

Dino kang ndak anti wus dumugi
Sigra rengganen busana nira
Ati suci sesotyane
Cunduk mentule laku
Dodot eklas kemben gemati
Nyamping sabar narima
Kampuh setya tuhu
Ja lali rasukan nira
Paesan bungah lan manembah mring Gusti
Sunggingan palakrama
( Tlaga sudang,12.00 wib, 22 okt 2006)


Peteng ndedhet mendhung anutupi
Swara guntur jumegur ing tawang
Angin topan lindu gedhe
Pratandane punika
Alam ndonya wus ngegirisi
Pra jalma sami seda
Amal musno lampus
Tangis-tangis angumandanng
Salang tunjang wong mlayu kang wedi mati
Amarga okeh dosa
( Tlaga sudang,21.50 wib, 23 okt 2006)


Putraningsun aja pijer nangis
Cup menengo sun kudang sun emban
Mugo sholeh dinten mangke
Ngugu dhawuhe ibu
Sembahyang manembah mring Gusti
Tresna mring kabeh jalma
Dadi wong pinunjul
Nora ninggal tata krama
Prasaja lembah manahlan luhur budi
Dadya jalma utama
( Tlaga sudang,22.35 wib, 23 okt 2006)


adem panas kepenak lan risi
keju pegel kaku bajur lega
iku kang den rasakake
gumun getun lan ngungun
bungah susah demen lan gething
cuwa gela tur jinja
murka klawan nesu
tuwuh ngenes nanging gila
isin wedi sumelang wus dadi siji
yekti rahsa ing jalma


kinanti


tak kudang kudang anakku
besuk gede gelem ngaji
tansah nglakoni sembahyang
cegah dahar lawan guling
nindake dawuh agama
tansah ngegulang ing ilmi

sun kanthi rinten lan dalu
sun emban kanthi gemati
tak kudang tak lela-lela
karep sun ben nora nangis
dadia jalma utama
migunani mring agami

nger bektia mrang ibumu
kang wus ngalirke si reki
toh jiwa kalawan raga
nresnani tulus ing ati
nora menda merga yuswa
ngrukti sira siang ratri

aja nangis nger anakku
putraku kang tak tresnani
kae ana mega-mega
kang sumundul langit
bulan ing sak jroning tawang
lintang-lintang pating kerlip

aja dadi wong adigung
ingkang nyuwun diajeni
dadio wong andap asar
anjaga ajining diri
tembung lathi dipun tata
damel sengseme sesami

eling sholat limang waktu
dzuhur a’sar banjur magrib
isya’ subuh tan tininggal
nglakoni prentah agami
sarana caket mring allah
kanggge sangune pra jalmi

rugi wong tan duwe ilmu
ginubeng slintru ing pikir
kurang sidik ing pamawas
rinajek deling tan lantip
tan titis ing panggraita
cingkrang ngonnya olah budi

sangu jalma ana telu
kang den gawa yento mati
anak soleh kang ndedonga
ilmu ingkang manfaatti
kalawan amal jariah
iku tuntunane nabi

mangajabpa ingkang luhur
duwur lan sumundul langit
muga bisa tinarbuka
kekarepan bisa mukti
budi daya lan ndedonga
nyuwun marang kang arohqim

yen wus dewasa anakku
ngudia ilmu utami
maca a buku pustaka
ja lali ilmu agami
aja kasendat ing yuswa 
tekeng seda dipun udi


















Asmaradana

Adoh sliramu mung sepi
Datan bisa ingsun nyawang
Kadya rinujit rasane
Banjur kapan yayi prapta
Atiku datan kuwawa
Kaya ilang bebayuku
Duh yayi sun nandang brangta

Datan kanthi jroning ati
Enggal pingin sesandingan
Yayi kang manis eseme
Ndang prapta a aduh nimas
Wus dangu ngon sira lunga
Takanti siang lan dalu
Ingsun wedi yen kijenan

Adem kekes tanpa yayi
Nora ana gegojekan
Guyumu ingsun tak mireng
Amung leledang ing netra
Kumlebat yen wayah rina
Aduh yayi pepujanku
Ingsun wu ora kuwagang

Garwaku tuhu kang manis
Sawangen sekar sumerbak
Arum lan wangi gandane
Kupu mencok datan oncat
Kepranan warna endah
Lha kumbange ngisep madu
Agisep sarine kembang

Saka pucuk gunung yekti
Katresnan jati den gawa
Kekanten donga lan karep
Tumuju wonten ing taman
Ingkang kebak sesekaran
Mung kepinging ngisep madu
Kagawa ana ing tala

Sikumbang mabur nyaketi
Pucuk kembang panca warna
Bingung sang kumbang milihe
Mabur anyaketi sekar
Endah katon sinawang
Pundi ingkang kula wengu
Ucape bingung si kumbang


Kupu nguyu nyongas ati
Sikumbang ndongkal ing jaja
Nyawang kupu ngece-ece
Kalara-larta batinnya
Latu ning ati mangulat
Kumbang mabur saya duwur
Kanggo ngleremake rasa


Kebang mawar lanmelati
Ngawe kumbang ing angkasa
Medunan kumbang tembunge
Nyaketa aja trus lunga
Pakaryanmu rampungana
Antepna kekarepanmu
Sikupu iku mung ngoda

Lintang- lintang dadiseksi
Tinamatan padang bulan
Duk semono sun lairke
Tresnaku kang tuhu nimas
Lair batin jiwa raga
Ngati tekeng ingsun lampus
Muga tansah cinaketna

Eling-eling tansah eling
Duh yayi putri utama
Gandes luwes sak solahe
Binalut busana endah
Prasaja yenta ngendikan
Dasare bocah kang ayu
Kang nlunturke tresna ning wang