(sebuah renungan masa depan, orang tua yang ditinggal oleh anak)
Luh ing mangsa rendHeng
( Gondhol Sumargiyono)
Introduksi
Suara bayi
menangis, pajang memilukan
Sorang wanita
mengendong 2 bayi, dan mememukan 1 bayi
lagi di jalanan
( tembang megatruh)
Sigra milir
Sang getek si nangga bajul
Kawandasa.....
adegan 1
dijalan
Tambur : yu....yu...soko
ngendi kok ndingaren soko lor wetan, saka ngendi to yu!
Jampi : saka
omahe mbah sobi,
Tambur : lo.... ana apa he yu......
Jampi :
mbah sobi ki rak wis tua, mangka ora ana
sing rawat, malah saiki lara-laranen, rak ya mesake
Tambur : lo lak
yo anake ana!
Jampi :
anake sapa!???
Tampur : mbah sobi!!??
Jampi :
( ora jawab)
Tambur : kok mung mlengos to yu, sekutrem kae ,anake
mbah sobi sing mbareb?
Jampi :
sekutrem ki wis nang jakarta, wis dadi klongomerat, wis ora sempat mulih
Tambur : o, dadi wong ampuh ya yu,
Jampi : duite tumpuk undung, ning amben dina
nyambut gawe wae wektune entek dingo golek proyek-proyek lan proyek kang gede hasile.
Tambur : lo jatmika,sing bar kuliah kuwi
Jampi : kuwi bar ketompo PNS ning nang
kalimatan, terus calon bojone rak yo wong kono, mosok ya mulia
Tambur : lho,...lha...sing
ragil yu? ,
Jampi ; si Kukuh, anake kae, mbur..tambur . kowe rak ya ngerti, awake
wae cacat, ngomonge wae ora genep, rak ya ket bayine wis rada suda!
Tambur :
karepmu ki idiot ngono po yu!
Jampi : lak iya, !!!
Tambur : wah mesake ya yu,
Jampi : ro
sapa???
Tambur : rak
ya mbah sobi, wis sepuh dho ditinggal
anake
Jampi :La iya
,mula saiki kowe jaga-jaga, besuk nek di tinggal kaya mbah sobi!!
Tambur : weh mbok ra mbuh-mbuh to yu,!!
Jampi : mbuh-mbuh piye to, iki kasunyatan, anak khi ya nugraha,
isih cilik dha di itik-itik ben gede, bareng gede wis kluarga banjur adoh soko wong tua,
nganti ora ngerti kahanane wong tua.
Tambur : kuwi lak jenenge wis cengkar to yu.
Jampi : cengkar ya cengkar ning nek
njur lali opo ya gelem (karo mlaku)
Tambur : yu la
kok malah lunga,
Adegan 2
Rumah mbah sobi, mbah sobi terbujur lemas
Kukuh
: mbok, tak upuke ombe ,ya
Mbah
sobi : ora usah nok, wis nang andinge simbok wae
Kukuh
mendekat memijat-mijat ibunya ,mb sobi memeluk membelai pelan anaknya,mbah sobi
meneteskan air mata sedih melihat anaknya yang cacat tapi gemati,
Kukuh:
mbok, akang utrem q le uleh apan ,o mbok?
Mb
sobi : ( diam saja)
Kukuh
: nek kang utrem q mulih, esti imbok, angsung diawa ang umah akit, ola
lola-lala. Nek andes , yo mung isa unggoni bok, andes gak uwe duit,andes mung
wong bodho mbok, ola ko-lah, ola intel
Mb sobi : (melas)
Kukuh pinter kok, kakangmu suk rak ya bali nduk
Kukuh
: nek kang utrem ali, arep tak ecang sikile ngango ali enar sing enceeeeeeng
anget. En ola unga-unga, ica aga imbok,
Mb
sobi : kakang mu kuwi golek pangupa jiwa nduk, ora isa mulah mulih, jakarta
kuwi adoh nduk
Kukuh
: mbok, kang utrem uwi ola ngelti po yo nek imbok lara,
Mbok sobi:( diam
saja)
Kukuh : mbok,
iyen nek ang atmika ola ang ..ang,,, ang
endi mbok?
Mbah sobi:
kalimatan
Kukuh : a.. ali
atan, esti isa baleng au openi imbok. Aang atmika ngopo to mbok nang ali atan
Mbok sobi : lak
yo dadi guru to nok, pns nang kalimatan,wong nang jawa wis kebak wong . PNS
nang jawa wis mbludak.
Kukuh : nek oyo
aku q ico adi gulu ola ya mbok.
Mbok Sabi (brebes
mili nahan lara )
Kukuh : eh
....ola isa ya mbok, aku q la ica apa-apa, men akang-akang ku ae ing intel,
njul unga, au tak bodo,ning openi imbok, ola adi apa apa ola popo, ing elak
imbok.
Mbah sobi : (
setengah njerit)olah Kukuh.......
Kukuh : ( jerit )
imbok..........
(
orang-orang desa kaget nyerak
Kemi : ono opo yo
yu
Surem : emboh
ketoke gawat, .....( mlayu nyerak) e....
mbah-mbah ono apa, (ke Kukuh)
ndes ana apa?
Kukuh : (
gedek-gedek)
Kemi : yu, mbah sobi kuwi to sawangaen,
Surem :
(namatke mbah sobi soko tutuke mrupus upluk putih) aduh... mbah ,.... ( panik) piye iki.......
Kemi : ojo
mung piya piye, mending jaluk tulung tanga teparo kono.
Surem : ( keluar
sebentar) tulung.........
Kemi : piye ana sing teka ora?
Gaandes
: ( kaya wong linglung) a....hik..hikkk ha ha......,ek, ene ki omah or
ewe, a... ing elak ak o
, ek ulem, lo ek emi.....iane adoh
Surem : wo, iya. Wah Kukuh we ngerti,
wah iki njur piye?
Kemi : mending
ngubungi jatmika,apa skutrem,
Surem : wah selak
....
Kemi : selak
ngopo ? apa kowe gelem nanggung nek engko ono apa-apa? Abot repote
lak yo nek tongga, mung isa mbantu,nek dimbruke kowe gelem po?
Surem : ora, ning
njur piye iki?
Kemi :
becike....ditelpon wae skutrem,
Surem : lo
njur sing duwe, telpon ki sapa?
Kemi
: aku duwe, ning pulsane gak ono
Surem
: pada wae, wis rasah neka-neka mending digowo nang ngone bu mantri surti. Ayo
Kemi
: e...ngene wae andum gawe kowe ngowo mbah sobii nang ngone bu surti, aku tak
mlayu nan kecamatan golek pulsa, terus tak telpone jatmika, lan skutrem.
Surem
: la njur le ku ngawa, mmbah sobi nganggo opo?
Kukuh
: ek, tak endonge ae, ( tanpa banyak ngomong Kukuh segera menggendong mbah sobi
yang sekarat) mbok...ayo ojo inggal au yo mbok( sambil menangis pergi)
Surem ; wo .... cah mau py to,...
Kemi : wis saiki susulen Kukuh kae,aku tak golek
pulsa. Pergi ………..semua
Adegan 3 :
Rumah bu mantra surti
Kukuh : uwun ..uwun bu ..antri…uwun
Surti : aduh ….aduh… ana apa nduk
Kene…kene …
Kukuh : bu ..anri
,mbok ula akit ,mang ambani bu( merengek menangis)
Surti : ya… ya coba ya di gawa mlebu
sik , tak priksane.
(dibawa
masuk atau langsung ditidurkan di amben)
:(mreiksa) wah gawat...gawat iki
Surem
(lari masuk )......O alah ....alkhamdulilah.....pripun –pripun bu.......
Surti
: wah iki serangan jantung, iki kudu di gawa nang rumah sakit,
Surem
: rumah sakit, wah pripun niku, ha le mbeto mriko mun, ngangge napa
Kukuh
: tak endonge ae...( ngendong mbah sobi njur mlayu) mbok ojo inggal aku.....(
nangis)
Surti
: aduh kok njur di gawa mlayu,
Surem
: la ngih,mangka rumah sakite adoh, py kae
Surti
: di oyak wae yu, njur dikandani......ayo
Surem
: ngih ngo.....
Adegan 4
Dijalan
:
Kukuh
: (ter engah-engah mengggedong ibunya) mbok ojo ngginggal au ya,
Mbah
sobi : nduk ...nduk,..... lereno sik ae........
Kukuh
:(menurunkan mbah sobi) mbok,imbok akale ari, ojo unga ik ya mbok,au lo opa nek
imbok, unga, . aku ewekan mbok, au edi, mbok....... (nagis memeluk mbah sobis)
Mbah
sobi : (batuk) ia ndes,simbok sehat kok, simbok kuat kok, ojo nangis ya,....
Kukuh
: enan ......
Mbah
sobi : tenan, cobo sawangen to mbok mu ( lama ber hadap-hadapan lalu saling
berpelukan) nduk suk yen mbok mu iki wis lunga, melua mas-masmu ya , ben di
openi
Kukuh
: omoh-, au elu oe ae, au edi elu ang utrem , engko,di eneni ae,..aku edi mbok
Mbah
sobi : ya kakangmu jatmika
Kukuh
: omoh, atu,esake ang atmika uwi ola tau uwe uwit, mung malai uwong elus,ben
esuk anggkat, ole ulih, ing ajine mung
itik, ur ang atmika wis uwe ojo, e akani ngo apa , ek au elu.
Mbah
sobi : nok,aku wis ora kuwat, dadaku sesek
Kukuh
: mbok yo tak endong, (segera mengendong tapi mbah sobi sudah tak beryawa)
Surti
dan surem datang
Surti
: ndes, mbok mu arep mbok gawa nyandi,....
Kukuh :( Nangis)
omah akit, bu urti ola ica ambani imboku... bu uti ola ito ambani.....
Surem,: nduk, bu
surti ki agi golek cara kareben, mbokmu ketulung,
Kukuh :
apuci....apuci
Surti : ( halus )
kene..kene cobo –coba simbokmu di dukke. Njur tak preksane maneh.
Kukuh : (nurut
menurunkan mbah sobi) iti, amban ono, ya u uti. En ali,... ico
mali o bu.......
Surti :
(mriksa) ( gedek-gedek, narik napas panjang)
Surem : pripun bu
?
Surti : mbah sobi wis……
Kukuh : is mali to ……u…..
Surem : pripun bu…
Surti : wus ora bias dislametke maneh
Kukuh : opo….. (nangis ngoyok-ngoyok
awake mabh sobi) mbok……ojo inggalke aku……. Bok……
Ketekan jatmika, skutrem, kemi.
Jatmika : lo…Kukuh kepiye?
Kukuh :
(ngrangkul ) imbok ola ono ang…… ang atmika andi ok ola ulih-ulih
Skutrem : nuwun
sewu bu, niku larahe pripun simbok kula kok kados ,ngaten
Surti : mbah sobi kinging sakit jantung
Kukuh : iki alahmu yu , yu utrem ing di
engen-engen imbok elus, imbok olo... akang ola elem iliki
Skutrem : wis
kowe rasah ngomong,, ngopeni simbok ora becus, ora isa mung bocah kemplu
Jatmika : yu
omonganmu di jaga, Kukuh kuwi adiku, adimu
Skutrem : sopo sing omong....kowe.... aku.....
anake mbah sobi..... soko ngendi? ( ha..ha...ha...)
Jatmika :
lho.......
Skutrem
: tak omongi , aku kowe kuwi mung anak pupon, anak temon ,
Jatmika : lho Kukuh,.....?
Skutrem : mboh..... ra weruh
Nyi sastra : (
dari jauh) Kukuh kuwi anakku, .......
Kukuh tak titipke ben koyo koe
kabeh, lan kabeh wong kene surti, jatmika, skutrem, wong-wong sing sukses koyo kowe-kowe kuwi biyen mung diopeni
mbok sobi, apa bareng wus bisa dadi wong banjur nglaleke wong tua.
Wo....tega.....temen atimu
jatmika : oalah
mbok....
trenaa
marang wong tuamu
kaya dene
mbesuk sliramu bakal den tresnani anakmu
tamat
Sinopsis
Luh ing mangsa rendeng
anak
mono nugraha, isih cilik dha di itik-itik ben gede, bareng gede ,wis kaluarga banjur
adoh saka wong tua, nganti ora ngerti kahanane wong tua.
”Luput , luput ku..... luput ku ya mbok...... aku kudu
nebus iki”
LUH ING MANGSA RENDHENG
(sebuah renungan masa depan, orang tua yang ditinggal
oleh anak)
PENULIS NASKAH
GONDHOL SUMARGIYONO
GUNUNG KIDUL
0 comments:
Post a Comment