Code


Wednesday 15 August 2012

Luh Ing Mongso Rendeng Juara II Festival Teater Remaja Tk.Prov. 2012


(sebuah renungan masa depan, orang tua yang ditinggal oleh anak)

Luh ing mangsa rendHeng
( Gondhol Sumargiyono)
Introduksi
Suara bayi menangis, pajang memilukan
Sorang wanita mengendong 2 bayi,  dan mememukan 1 bayi lagi di jalanan
( tembang megatruh)
Sigra milir
Sang getek si nangga bajul
Kawandasa.....

adegan 1
dijalan

Tambur :  yu....yu...soko ngendi kok ndingaren soko lor wetan, saka ngendi to yu!

Jampi    : saka omahe  mbah sobi,

Tambur : lo.... ana apa he yu......

Jampi             :  mbah sobi ki rak wis tua, mangka ora ana sing rawat, malah saiki lara-laranen, rak ya mesake

Tambur  : lo lak yo anake ana!

Jampi             : anake sapa!???

Tampur : mbah sobi!!??

Jampi             : ( ora jawab)

Tambur : kok mung mlengos to yu, sekutrem kae ,anake mbah sobi sing mbareb?

Jampi   : sekutrem ki wis nang jakarta, wis dadi klongomerat, wis ora sempat mulih

Tambur : o, dadi wong ampuh ya yu,

Jampi               : duite tumpuk undung, ning amben dina nyambut gawe wae wektune entek dingo golek proyek-proyek lan proyek  kang gede hasile.

Tambur : lo jatmika,sing bar kuliah kuwi

Jampi             : kuwi bar ketompo PNS ning nang kalimatan, terus calon bojone rak yo wong kono, mosok ya mulia

Tambur : lho,...lha...sing ragil yu? ,

Jampi  ; si Kukuh, anake  kae, mbur..tambur . kowe rak ya ngerti, awake wae cacat, ngomonge wae ora genep, rak ya ket bayine wis rada suda!

Tambur : karepmu ki idiot ngono po yu!

Jampi :  lak iya, !!!

Tambur : wah mesake ya yu,

Jampi : ro sapa???

Tambur : rak ya mbah sobi,  wis sepuh dho ditinggal anake

Jampi :La iya ,mula saiki kowe jaga-jaga, besuk nek di tinggal kaya mbah sobi!!

Tambur : weh mbok ra mbuh-mbuh to yu,!!

Jampi : mbuh-mbuh piye to,          iki kasunyatan, anak khi ya nugraha, isih cilik dha di itik-itik ben gede, bareng gede wis kluarga banjur adoh soko wong tua, nganti ora ngerti kahanane wong tua.

Tambur : kuwi lak jenenge wis cengkar to yu.

Jampi : cengkar ya cengkar ning nek njur lali opo ya gelem (karo mlaku)

Tambur : yu la kok malah lunga,





Adegan 2
Rumah mbah sobi, mbah sobi terbujur lemas

Kukuh : mbok, tak upuke ombe ,ya

Mbah sobi : ora usah nok, wis nang andinge simbok wae

Kukuh mendekat memijat-mijat ibunya ,mb sobi memeluk membelai pelan anaknya,mbah sobi meneteskan air mata sedih melihat anaknya yang cacat tapi gemati,

Kukuh: mbok, akang utrem q le uleh apan ,o mbok?

Mb sobi : ( diam saja)

Kukuh : nek kang utrem q mulih, esti imbok, angsung diawa ang umah akit, ola lola-lala. Nek andes , yo mung isa unggoni bok, andes gak uwe duit,andes mung wong bodho mbok, ola ko-lah, ola intel

Mb sobi : (melas) Kukuh pinter kok, kakangmu suk rak ya bali nduk

Kukuh : nek kang utrem ali, arep tak ecang sikile ngango ali enar sing enceeeeeeng anget. En ola unga-unga, ica aga imbok,

Mb sobi : kakang mu kuwi golek pangupa jiwa nduk, ora isa mulah mulih, jakarta kuwi adoh nduk

Kukuh : mbok, kang utrem uwi ola ngelti po yo nek imbok lara,

Mbok sobi:( diam saja)

Kukuh : mbok, iyen  nek ang atmika ola ang ..ang,,, ang endi mbok?

Mbah sobi: kalimatan

Kukuh : a.. ali atan, esti isa baleng au openi imbok. Aang atmika ngopo to mbok nang ali atan

Mbok sobi : lak yo dadi guru to nok, pns nang kalimatan,wong nang jawa wis kebak wong . PNS nang jawa wis mbludak.

Kukuh : nek oyo aku q ico adi  gulu ola ya mbok.

Mbok Sabi (brebes mili nahan lara )

Kukuh : eh ....ola isa ya mbok, aku q la ica apa-apa, men akang-akang ku ae ing intel, njul unga, au tak bodo,ning openi imbok, ola adi apa apa ola popo, ing elak imbok.

Mbah sobi : ( setengah njerit)olah Kukuh.......

Kukuh : ( jerit ) imbok..........

( orang-orang desa kaget nyerak

Kemi : ono opo yo yu

Surem : emboh ketoke gawat, .....( mlayu nyerak)  e.... mbah-mbah  ono apa, (ke Kukuh) ndes ana apa?

Kukuh : ( gedek-gedek)

Kemi     : yu, mbah sobi kuwi to sawangaen,

Surem : (namatke mbah sobi soko tutuke mrupus upluk putih) aduh...  mbah ,.... ( panik) piye iki.......

Kemi : ojo mung piya piye, mending jaluk tulung tanga teparo kono.

Surem : ( keluar sebentar) tulung.........

Kemi  : piye ana sing teka ora?

Gaandes : ( kaya wong linglung) a....hik..hikkk ha ha......,ek, ene ki omah or ewe,  a... ing elak ak o , ek ulem, lo ek emi.....iane adoh

Surem : wo, iya. Wah Kukuh we ngerti, wah iki njur piye?

Kemi : mending ngubungi jatmika,apa skutrem,

Surem : wah selak ....

Kemi : selak ngopo ? apa kowe gelem nanggung nek engko ono apa-apa? Abot repote lak yo nek tongga, mung isa mbantu,nek dimbruke kowe gelem po?

Surem : ora, ning njur piye iki?

Kemi : becike....ditelpon wae skutrem,

Surem : lo njur sing duwe, telpon ki sapa?

Kemi : aku duwe, ning pulsane gak ono

Surem : pada wae, wis rasah neka-neka mending digowo nang ngone bu mantri surti. Ayo

Kemi : e...ngene wae andum gawe kowe ngowo mbah sobii nang ngone bu surti, aku tak mlayu nan kecamatan golek pulsa, terus tak telpone jatmika, lan skutrem.

Surem : la njur le ku ngawa, mmbah sobi nganggo opo?

Kukuh : ek, tak endonge ae, ( tanpa banyak ngomong Kukuh segera menggendong mbah sobi yang sekarat) mbok...ayo ojo inggal au yo mbok( sambil menangis pergi)

Surem ; wo .... cah mau py to,...

Kemi : wis saiki susulen Kukuh kae,aku tak golek pulsa. Pergi ………..semua






Adegan 3 :

Rumah bu mantra surti

Kukuh : uwun ..uwun bu ..antri…uwun

Surti      : aduh ….aduh… ana apa nduk
Kene…kene …

Kukuh : bu ..anri ,mbok ula akit ,mang ambani bu( merengek menangis)

Surti : ya… ya coba ya di gawa mlebu sik , tak priksane.
(dibawa masuk atau langsung ditidurkan di amben)
         :(mreiksa) wah gawat...gawat iki

Surem (lari masuk )......O alah ....alkhamdulilah.....pripun –pripun bu.......

Surti : wah iki serangan jantung, iki kudu di gawa nang rumah sakit,

Surem : rumah sakit, wah pripun niku, ha le mbeto mriko mun, ngangge napa

Kukuh : tak endonge ae...( ngendong mbah sobi njur mlayu) mbok ojo inggal aku.....( nangis)
Surti : aduh kok njur di gawa mlayu,

Surem : la ngih,mangka rumah sakite adoh, py kae

Surti : di oyak wae yu, njur dikandani......ayo

Surem : ngih ngo.....


Adegan 4
Dijalan :
Kukuh : (ter engah-engah mengggedong ibunya) mbok ojo ngginggal au ya,

Mbah sobi : nduk ...nduk,..... lereno sik ae........

Kukuh :(menurunkan mbah sobi) mbok,imbok akale ari, ojo unga ik ya mbok,au lo opa nek imbok, unga, . aku ewekan mbok, au edi, mbok....... (nagis memeluk mbah sobis)

Mbah sobi : (batuk) ia ndes,simbok sehat kok, simbok kuat kok, ojo nangis ya,....

Kukuh : enan ......

Mbah sobi : tenan, cobo sawangen to mbok mu ( lama ber hadap-hadapan lalu saling berpelukan) nduk suk yen mbok mu iki wis lunga, melua mas-masmu ya , ben di openi

Kukuh : omoh-, au elu oe ae, au edi elu ang utrem , engko,di eneni ae,..aku edi mbok

Mbah sobi : ya kakangmu jatmika

Kukuh : omoh, atu,esake ang atmika uwi ola tau uwe uwit, mung malai uwong elus,ben esuk anggkat, ole ulih, ing ajine  mung itik, ur ang atmika wis uwe ojo, e akani ngo apa , ek au elu.

Mbah sobi : nok,aku wis ora kuwat, dadaku sesek

Kukuh : mbok yo tak endong, (segera mengendong tapi mbah sobi sudah tak beryawa)
Surti dan surem  datang

Surti : ndes, mbok mu arep mbok gawa nyandi,....

Kukuh :( Nangis) omah akit, bu urti ola ica ambani imboku... bu uti ola ito ambani.....

Surem,: nduk, bu surti ki agi golek cara kareben, mbokmu ketulung,

Kukuh : apuci....apuci

Surti : ( halus ) kene..kene cobo –coba simbokmu di dukke. Njur tak preksane maneh.

Kukuh : (nurut menurunkan mbah sobi) iti, amban ono, ya u uti. En ali,... ico mali o bu.......

Surti : (mriksa) ( gedek-gedek, narik napas panjang)

Surem : pripun bu ?

Surti : mbah sobi wis……

Kukuh : is mali to ……u…..

Surem : pripun bu…

 Surti : wus ora bias dislametke maneh

Kukuh : opo….. (nangis ngoyok-ngoyok awake mabh sobi) mbok……ojo inggalke aku……. Bok……


Ketekan jatmika, skutrem, kemi.

Jatmika : lo…Kukuh kepiye?

Kukuh : (ngrangkul ) imbok ola ono ang…… ang atmika andi ok ola ulih-ulih

Skutrem : nuwun sewu bu, niku larahe pripun simbok kula kok kados ,ngaten

Surti        : mbah sobi kinging sakit jantung

Kukuh   : iki alahmu yu , yu utrem ing di engen-engen imbok elus, imbok olo... akang ola elem iliki

Skutrem : wis kowe rasah ngomong,, ngopeni simbok ora becus, ora isa mung bocah kemplu

Jatmika : yu omonganmu di jaga, Kukuh kuwi adiku, adimu

 Skutrem : sopo sing omong....kowe.... aku..... anake mbah sobi..... soko ngendi? ( ha..ha...ha...)

Jatmika : lho.......

Skutrem : tak omongi , aku kowe kuwi mung anak pupon, anak temon ,

Jatmika : lho Kukuh,.....?

 Skutrem : mboh..... ra weruh

Nyi sastra : ( dari jauh) Kukuh kuwi anakku, .......
Kukuh tak titipke ben koyo koe kabeh, lan kabeh wong kene surti, jatmika, skutrem, wong-wong sing  sukses koyo kowe-kowe kuwi biyen mung diopeni mbok sobi, apa bareng wus bisa dadi wong banjur nglaleke wong tua. Wo....tega.....temen atimu
jatmika  : oalah mbok....




trenaa marang wong tuamu
kaya dene mbesuk sliramu bakal den tresnani anakmu
tamat































Sinopsis

Luh ing mangsa rendeng

anak mono nugraha, isih cilik dha di itik-itik ben gede, bareng gede ,wis kaluarga banjur adoh saka wong tua, nganti ora ngerti kahanane wong tua.
”Luput , luput ku..... luput ku ya mbok...... aku kudu nebus iki”
 



LUH ING MANGSA RENDHENG
(sebuah renungan masa depan, orang tua yang ditinggal oleh anak)








 
























PENULIS NASKAH
GONDHOL SUMARGIYONO



GUNUNG KIDUL

0 comments:

Post a Comment