Code


Wednesday 15 August 2012

Pulung Gantung karya Gondhol Pentas UNY 2007


drama horor jawa “pulung gantung”

karya : gondhol sumargiyono


introduksi

Musik       : sedih menegangakan, vokal
Setting     ; TALI UNTUK NGANTUNG

Bayi diblebeke,banjur sing blebegke arep ngantung
Wong arep ngatung, terus soko nduwuR wong pating grantung terus mati lampu

 

adegan 1.

Setting     : desa serpeng, malem kang peteng ngegirisi, nyanyring, mung ana keceran amben,cilik dawa, klasa pandan, omah gedek ngone kliwon, lampu nyorot omah kliwon sing peteng
Musik       :mencekam

Wong loro turu nong ngon amben bareng, tuminem ngilir,

Tuminem     : kang ……..kang,,,,! Hawane kok ora enak-enako blas ya kang, bengi iki gek peteng , gek ora kaya biasane, kae to kang rungokno Tho kang  kirike le baun medeni, tur bengi-bengi kok ono manuk kulik suarane seru banget. Arep ono opo yo kang

Kliwon mung meneng wae deweke malah mbenake kemule , ethok ethok ora krungu lan ora namatke ya merga wedi.

Tuminem     : kang….kang…… budek po piye je?

Kliwon      : ngopo tho?

Tuminem     : KAE LHO RUNGOKNO………AREP ONO OPO YO KANG………?

Kliwon      : rasah clemongan.

Tuminem ngadek soko amben kaget ono cemlorote cahya abang morah-morah…….

Tuminem     : e kang …kang kae tho sawangen………

Kliwon      :opo tho kang-keng-kang keng(karo wedi ning nyerak)

Tuminem     : kang kak ana cahya abang morah-morah- cemlorot kae lo kang……

Kliwon      : ojo clewa-clewo kowe…ora mnboh-mboh….

Tuminem     : iyo,….iyo ning kae lo sawangen, ujudte  koya tali abang
  semuijo, lo…lo kang saya cetho kaya siwur,]

Kliwon      : koyo siwur opo tali, ono buntute…ijo opo abang?

Tuminem     :Mboh kang…ning kok ngegirisi ya kang……….

Kliwon      ; ya..ya… ning oja neka-neka to nem,…iki awaku mrinding kabeh, wulu cumbuku ngadek kabeh

Tuminem     : ning ndang sawangaen to kang

Kliwon      : gusti allah….kae pulllllungggggg ganntunggg

Tuminem     : pulung gantung ?

Kliwon      : ya….iku..tanda yen wektu kang ngegirisi ing desa iki bakal kedaden, desa serpeng bakale ana wong kang……

Tuminem     : wong ngopo kang?

Kliwon      :…………..(menenng wae)

Tuminem     :gek piye yo kang

Kliwon      : aku ra dong, ning nem sasi kepungkur kandane lek wir , ya ngerti pulung gantung kuwi nibo neng tloga sudang, ora let suwe kang suta ditemoke ngantung nang wit asem, mangka ….

Tuminem     :kang aku weDi…..(nyerak)

 Kliwon     :mula..

Tuminem     : njur sapa ya kang……lha playune ngidul ngetan kae, njur sopo ya kang……….

Kliwon      : mboh……




 lampu blck out mlebu musik pelan-pelan


Adegan 2

Setting : omah tukirah, amben dowo, tukirah terbaring sakit,
Musik : sedih  seasana pedesaan.

Situkirah kang algi lara mung turu  wae, saka njero kamar an lio metu SETU KANG NECIS LAN LAGAKE JUNGKATAN LAN NGRAPEKE KLAMBINE.

Tukirah:    ( karo turu) kang arep nyandi tho kang?

SETU   :    arep nang ngone  Ngatemo rejo, wong wis telung sasi deweke urung bayar leku setor bekicot. Lak ya lumayan keno ngo tuku obatmu………

Tukirah:    kang ….lak yo wis suwe lemu bola bali nangone ngatemo rejo kuwi ?

Setu   :    iyo ning ……………….

Tukirah:    ning ketuk saiki angger kowe ndono mesti mung kecelik to kang, mesti ora entuk opo-opo…………

Setu   :    aku khi……. (urung rampung wis di jawab karo tukirah

Tukirah:    ora wani, jireh karo ngatemo rejo, to kang

Setu   :    ora le ngono rah, aku kuwi mung njogo ben iso sesrawungan ben iso seduluran marang sapa wae ora luwih, ngatemo rejo kuwi tak anggep wong kang bisa tak percaya,

Tukirah:    kang  opo kowe kuwi ora kroso yen kowe kuwi mung di apusi karo ngatemo rejo kae, sing kandane juragan ning ora duwe modal. Aku ki bingun karo kowe,mbok kowe ki wis ngerti yen ngatemo kuwi koyo ngono, naging saben kowe golek bekicot banjur mbok setorke deweke.

Setu   :    wong jawa kuwi lak jawabpe tho rah, yen wong nyilakake uwong mesti bakal entuk piwales, wong nandur kuwi nguduh

Tukirah:    yen koyo kowe ngunduh opo kang? Nguduh lamise ngatemo rejo, sing ganyak ganyuk pinter wicara ning ora tau nyata.elingo yokan sadaro, mbok golek juragan lio to kang,  lek tulak po sopo?

Setu   :    ora Rah, karepku mono mung nganteke le bakal nyarutang ngatemo rejo,yen aku nyetorke bekicot kuwi nang ngone lek tulak wediku aku malah ora bakal di bayar karo ngatemo rejo…. Mangka kowe ngerti dewe kanggo modal kuwi rakyo pekarangan ngarepan lan mburi wis tak dol kabeh

Tukirah:    mula kang kabeh lak wis cures,entek tho …!(marah sedih)

Setu   :    wis to rah,aku  ki yo bingun,aku ngerti ( mangkel ndokol ning ditahan),

Tukirah:    bingun kuwi lak mbok gawe-gawe dewe tho kang, moso balio modal kang wis dipangan lek ngatmo kuwi ora bakal…..

Setu   :    atiku tetep percaya yen ngatmo kuwi bakal mbaleke  rah,

Tukirah:    kapan? Nunggu lempeng do jugruk, Nunggu aku ngati mati nunggu stagen iki dadi sarana ngo ngencang gulune ngatemo

Setu   :    hemmmmmmm, (tanpa pamit setu banjur lunga)

Tukirah :   kang,……..o allah kang setu,

Lungane setu ninggal loro atine  Tukirah. Tukirah mung mangu-mangu mikir lorone lan sepineng ati

Nora let suwe teko mbok ginah………….. Soko pasar gawa jarik anyar

Mbok ginah :Rah gilo kowe tak tukoke jarik, anyar, (kirah mung meneng wae). Rah…… rah…… kowe ki ngopo……..(di oyak-oyak awake tukirah nagging tukirah mung meneng wae)……. Rah….

Tukirah     :(alon karo nyilake rambute) ngopo to mbok……….aku ki mikir uripku karo kang setu kuwi,kok yo kaya ngene gek aku lelaranen koyo ngene ora mari-mari,

Mbok ginah  : yo…aku ngerti ning sejatine menungsa kuwi lak mung saderma ngakoni to nok

Tukirah     : aku jane ora tega karo kang setu wis ngalor ngidul nambake, kerjo nglupuke kicot ning yo tetep wae duit ora tau nyekel wong mung di apusi karo ngatemo rejo, ora ono sing digo ngobatke,yo kandane ono kertu askes kanggo wong kere koya aku ning ngo golek kertu aske we ngetoke duwit 100.000, Gek kuwi soko ngendi to mbok?

Mbok ginah: ya, (ingin mengalihkan pembicaraan) ning iki lo rah mau aku nang pasar ngerti jarik apek banget cobanen to rah

Tukirah     : mbok…… jarik kuwi apik nig opo bisa tak ngo sak lawase, wong jarikku sing tak ngo iki, yo jarik kang pungkasan, jarik kan tak senengi(karo nguculi stagen), aku malah seneng stagen iki mbok, le nukoke kang setu telung sasi kepungkur,stagen iki mbok menawa kang bisa gawe katentreman( di elus elus wae  stagen kuwi)

Mbok ginah: oya ora papa ning iki simpenen to nok,

Tukirah     : ya mbok cerake aku kene wae, wong sedelo mengkas mesti tak go kemul ora opo-opo to mbok ?

Mbok ginah : Ora  kok rah, ora opo-opo,( sambil menempatkan jarik di samping tumirah, tumirah yang duduk termangu kemudian di jungkati karo mbok ginah)

Tukirah     : mbok rambutku do bodol kabeh ya mbok,(mbok ginah diam saja), emboh mbok opo bakale disi aku ya mbok le bali nang ayunan

Mbok ginah: Rah, mbok ora nglantur yen omongan kuwi, mengko ora apik tembe burine
Tukirah     : apik po elek wis bakal tak tanggung dewe kok mbok, wiwit aku mbleseke jalmo jagat ngati ora ono , isen kuwi wis tak sangga abot banget banget(nangis nahan makel)

Mbok ginah: wis to nok ora sah di pikir meneh kuwi, mengko nambai abote pikiranmu.( mangalihkan pembicaraan,pelan) E..Nok. Mau entuk utangan lek wir blantik sapi wetan galeng Rp. 100.000,-.ketoke cukup ngo nebus obat mu nang rumasakit njeruk. Pupung ono duwit, mengko tak terke nang njeruk ya preso karo nebus obatmu ben cepet mari.

Tukirah:    wis mbok aku dewe yo wis mupus, opo awaku ki isa mari opo ora, ojo-ojo mung ngawe gawean lan ngerpoti kowe.

Mbok ginah :      tukirah nek jenenge leloro kuwi kudu di singkirke soko awak ben awak kuwi sehat,isa obah, ……… ati kuwi ora kudu mung mutung nanging yo usaha

Tukirah:    wis ora kurang kurang le usaha kuwi mbok, nangin ya ngeneki wae ora saya mari lelaraku ki ning malah sya ndadi,(Mulai ngelantur) aku njuk pangapura ya mbok …………( tukirah eling naliko mateni jalmo  anake ) jalmo putumu lanang tak pateni ( karo njerit) ora mergo aku kuwi ora tresna nanging aku wedi yan awake dewe ora iso ngopeni…………..

Mbok ginah: ora opo-opo nok,……..

Tukirah     : (nguyu trus nangis koyo wong linglung). E….e mbok kowe mau nang pasar ya
Mbok ginah  : iya rah

Tukirah     : pasar mau rame ya mbok….? Mesti lek parmi isih adol plendo soko kambil kae, mbok, mbok aku njaluk di tukoke plendo .

Mbok ginah: duh nduk nek yahmene ra yo wis bubar pasare…… ning, kae mau aku tuku kambil barang kok nok, dadi isa digawe plendo ngiras pantes gawe jlantah.

Tukirah     : yo mbok aku gelem di gaweke plendo……, enak paling ya mbok

Mbok ginah : ya…, sik ya tak gaweke,em……em……em,,,, ning aku mau lali urung tuku lengo enak je nok,

Tukirah     : wo yo uwis mbok ora sah

Mbok ginah; ora rah, karepku kuwi aku kudu nang ngone warunge lek sedul tuku lengo,…dadi ya rodo sak untara.

Tukirah     : ya ora popo tak tunggu ya mbok.
             
Mbok ginah metu golek lengo, tumirah ora let suwe mung ngalamun ngengleng, ing atine bajur oo niat gantung awake

Tumirah     : aku tumirah ,wong desa serpeng kang nandang kacintrakan, loro ora mari-mari , abot uripku ora iso umum sanak, mung abot,


Nyiapke stagene banjur  papake nang nduwur ambene bajur deweke ngatung………mbok ginah  mulih kaget,………..
Mbok ginah : wo allah ……… rahhhhhhhh tulung……………………………………!
Black out





























Adegan 3

Setting    : awan,omah ngatemo rejo, lincak, kopi,udut      lintingan,

Musik      : gumbira, menjadi tegang, sedih, menakutkan


Ngatemo rejo lingguh ing kursi dowo karo udut karo ngombe kopi, ingkat-ingket sajak ora jenak,ora let suwe teko setu,

Ngatemo    : e….setu…… kene..kene(digandeng njur dijak lingguh,

Setu       :  matur nuwun kang,…… wah sajak mulya tenan , enak , ngalamun nyabi udut tur nyruput kopi,ora bingung karo modale bekicot sing wis arep entek Ya kang?(nada nyindir)

Ngatemo    : ya lantaran aku khi wis ngerti yen aku ki bakale surut leku dedagangan bekicot kuwi, mula aku rak yo kudu realistis to? Aku kudu nyiapke mental, ati lan awak ben aku ora Modar alon-alon, men tetep lemu, giras lan saras

Setu       : kok kowe iso koyo mengkono kang, pasarah lan tetep nduwe pangajab duwur,sante?

Ngatemo    : aku … kok…ngatemo rejo, wong pinujul, cerdas,(jumawah)……Tu, ket mbiyen aku khi rak yo wis nyinau babagan “ olah rasaning dadi wong tua bongkot”, aku ki rak yo nyinau babagan state of mind.

Setu       : kuwi opo kang? Sate of min kuwi?

Ngatemo    :ha….ha… udu sate of min ,ning state of mind,  kuwi ilmu otak utawa alam kepinteran, ilmune wong-wong pinter koyo aku iki.wong kang isa ngawasi mongsa, ngadepi opo kang bakalan dumadi, ora jirehan, ngerti sak durunge winarah.

Setu       :nah ateges kowe rak yo ngerti to kang karep ku ndene ki..?

Ngatemo    : Hayo cetho to,  aku ki rak yo nyinau babagan ilmu kebatinan barang, spiritual, lan moral, anggah ungguh lan wulang reh,aku khi lak sesepuh kang darbe watak bowo leksana,ambeng parama arta kusuma rembesing madu, wijile atapa.

Setu       : mboh aku ra ngerti kang, ning ngene lho kang….?

Ngatemo    : ngomonga,aku ki lak yo  bakul kang wis suwe,sedulurmu, aku khi lak yo ngangggo  dedasar ing ngarso sung tulada, ing madya mangun karsa tut wuri handayani karo wong kaya kowe kuwi

Setu       : ora kang , aku wis ruwet tenan iki,yen aku nyawang kowe ki yo mung ing ngarso numpuk bonda, ing mandya  ngapusi wong lia, tut wuri hanjegali ben uwong kuwi ngati mati,

Ngatemo    : wo……… sik –sik to iki cethane nesu ngono to kowe ki,… nesu………sek to iki babagan opo  he…. Wong jowo ki lak jawabpe to tu

Setu       : kang kowe ora dong ,ora krungu opo ora ngerti opo entok-etok ora mudeng?

Ngatemo    : babagan apa? Ora sah seru-seru, aku khi ora budek? ( sabil tertawa)

Setu       : ya babagan utang mu karo aku kuwi!, wis telung sasi aku ki nganti anti kesaguhanmu mbaleke duwit sing mbok janjeke kang bakal tak bayarke karo aku,(nyentak)
Ngatemo    : wo kuwi tho, duit , arep mbok ngo ngopo he……

Setu       : arep tak ngo nambake tukirah nang rumah sakit kang. Arep tak go butuh are tak ngo kecukupan kluargaku.

Ngatemo    : o…kuwi to……… yen kuwi  mesti bakal tak sarutang, wis saiki bakale tak nei, aku ki kurang piye.( karo nyupuk suwelan duwit) iki gilo onone agi 200 ewu, kowe ki rasah nesu-nesu wong yen koyo kowe nesu ki ora patut,ngono we ngango prengat prengut,

Setu       :kok mung 200 ewu, thok to kang

Ngatemo    :isih kurang?

Setu       : lak yo kurang to wong utangmu ki wis 600 ewu karo aku
Ngatemo    : kuwi wingi we tak golek-goleke mung khusus kanggo kowe, iki nduweku ki ya 300 ewu, lha sing 100 tak go cekelan to, py apa kowe ora percaya?

Setu       : aku percaya kang , terus anu kang

Ngatemo    : ngopo meneh (  nada nyentak sajak sadis)

Setu       : ora lha montor sangang puluh kae nag ngedi kang ?

Ngatemo    : arep mbok kapake, wong montor kosongan, wis etak-etek  arep mbok kapake?

Setu       : arep tak baleke lek menta, wong ngone deknen,   wis seminggu lho kang le ku nyilih ki, kandamu mung bakal mbok ngo setor bekicot nang negara kok ora bali?

Ngatemo    : (suwi)………….wis tak dol motormu kuwi

Setu       : mbok dol kang

Ngatemo    : lha ia, lho lak yo  kowe wis nompo duwite to

Setu       : piye to kang kok aku ora mudeng blas,

Ngatemo    : kowe lak yo wis nompo duwit soko aku tho?

Setu       : yo, njur ngopo

Ngatemo    : lha kuwi mau duwit soko le ku adol motor sangang puluh  kae,

Setu       : kok mbok dol kang aku bakal  kepiye kang,engko yen aku diciduk polisi piye kang, mongko ancamane gumbreg bojone kae yen saiki ora dibaleke aku mesti bakal di ciduk polisi je kang

Ngatemo    : wis to percayaa aku, wong sesuke yo bakal tak saur , tak tebus kabeh kok wis to tenanga wae, aku sing bakal nanggung


Ora let suwe teko gumbreg gowo polisi loro julung lan pujud

Gumbreg    : wo la sing di goleki jebul nag kene to……… arep ndelik kowe, arep sesingitan he setu………

Setu       : yu gumbreg, aku ora ndelik, ora mlayu, aku ki yo arep nang ngonmu ning agi ndene mampir karepku arep mbalelke motormu,

Gumbreg    : ora idep, sing baku motorku nang endi

Setu       : wis didol yu…………

Gumbreg    : didol lho kowe entuk idin lan palilah sako sapa yen motor kuwi mbok dol

Setu       : sing ngedol dudu aku yu ning kang ngatmo yu,

Ngatmo     : ning duwite kula dum kalih ding yu kula naming 100 deweke njaluk 200, wong payune niku 300 ewu , monngo sing 100.

Gumbreg, he setu pokoke aku ora urusan karo ngatemo urusanku karo kowe ,motore balekno opokowe bakal digowo polisi iki

Setu       : kang ngatmo kowe ki pie,……aku …aku ora iso mbaleke saiki yu

Gumbreg    : ora ngurus , pak ,niki njenegan gowo mawon , njenegan ciduk

Setu       ; ngatemo………..wo……iblis………

Ngatemo     : mung nguyu…………………………

Setu di rodo pekso, deweke budi sak pole nanging ora dadi masalah kanggo polisi loro kemau diseret di gowo nang kantor pulisi


Sak lungane setu, gumbreg, polisi loro,ngatemo mung dewe, hawane ddi medeni………………….

Arwahe tukirah ………ngangu  ngatemo

Ngatemo    :kok mengkoro kabeh tanganku ki

Tukirah    : ngatmo…………..ngatmo…………… getih kang nora temetes  ing bumi iki balekno

Ngatemo    : he….kowe sopo…….. He kowe sopo,,,,,,,,

Tukirah    : wong cubluk …….wong kang minteri wong lio………….aku tukirah………….. Kang mbok jarak patiku,mbok gawe patiku,…….bojoku mbok apusi ,aku….ora trimo……………

Ngatemo    : ora…….aku ora ngapusi,………… wong deweke kang bodo………..

Tukirah    : mula balekno……..aku ora trimo .hi…hi….hi….loro beles loro…….pati bales pati………..

Ngatemo    : ojo…ojo……..( ngatemo lari mau dicekik tapi akhirnya dicekik lampu black out)

































Adegan 4

Setting    : kantor polisi serpeng, korsi, mesin ketik
Musik      ; menegangangkan

Bunyi mesin ketik memulai adegan ini, Ing tengah stage setu lingguh kursi di introgasi

S pujud    ; jenengmu sopo?

Setu        : setu den mas

S pujud    : setu sapa he?

Setu       : setu mondho sia

S. Pujud   : setu mondasio, (sambil ngetik) alamat mu

Setu       : serpeng,tepus,den

S pujud    : gawean ?

Setu       ; ngumpulke bekicot lan kula dal den.

S pujud    : kowe didakwa gumbreg ngapusi,montore mbok dol , yo ora?

Setu       : mboten pak kulo saestu mboten ngedol motore yu gumbreg.estu pak

S Julung   : tu, setu ngakuo mbangane kowe luweh suwe le ngunjoro py?

Setu       : estu mbok mboten slamet sak anak sak putu yen kula niku adol motore yu gumbreg, motore niku di dol kang ngatmo,

S julung : ning duwite mbok tadahi to……….

Setu       : kula mboten ngerti yen niku duwite le adol motor,

S. Pujud   ; ateges kowe ngakoni to yen kowe sing adol motor kuwi

Setu       : mboten den

S. Pujud : (karo njambak) he tu aku isa muring lho, aku dinei wewenang ngaplok, utawa mateni kowe yen kowe ora gelem ngaku

Setu       : kolo niku mboten salah den………., seminggu kepungkur kula lak nyilih motore yu gumbreg niku, karep kula ajeng kangge ngeterke bekicot tang nggene kang ngatmo ning malah dugi mriko motore disilih sanjange ajeng dibeto wotn wonosari ngeterker bekicot ten juragane

S. Julung  : wong udu ngonane kok wani nyilihke kowe( karo antem) opo yen udu duweke ki entuk disilih silihke

Setu       : apun den….kolo mboten ngerti
 
S. Pujud: ngerti ora yen wong dadi penadah kuwi, bakal di kunjoro 10 tahun,yen tabah ngeyel koyo kowe tambah 8 tahun urung dendane limang juta, py

Setu       : mboten den kulo mboten purun, kula wegah wong kulo niku mboten salah den

S. Julung  : ( ngaplok) he budek po py kowe  kowe ngakua, yen ora ngaku ora salh yen kowe bajur tak tembak ora bakal ono sing ngerti

Setu       : ampun den, kula niki tasih gadah semah kang sakit meniko butah kula, kula naming dados tumbal, kula wong cilik kang dingo ancik-ancik wong gede, kulo mung wong kang mboten saget nopo-nopo

S, pujud   : (njuambak) orasah grantes, orasah di gawe-gawe, aku ora bakal percaya tangismu, luh mu kuwi luhe maling kang ora gelem ngaku

Setu       : lha kula ken ngaku kepripoun kula mboten nglakoni

S. Julung  : ora gelem ngaku?

Kemudian setu di ajar habis-habisan ngati lempe-lempe…………….

Lampu black out, tinggal dua orang itu yang ada…….

S. Julung   ; wis marem aku ,mboko  ora ngaku kae ning aku wis marem iso ngajar entek-entekan setu wong deso kang lugu kae

S. Pujud    ; ning aku kroso yen setu kae yo cen ora salah lo mas,mula njur tak kon mulih mau

S. Julung   : sing baku aku wis marem

( suara diiringi tiupan angin dan suara ajing baung)

tukirah     : marem ngatemi wong cilik, sing ora ngerti opo-opo, wong kang ora mangan bangku pendidikan, wong kang prasoja ning mbok sio-sia

S. Julung: sopo jud aku kok mrinding kabeh………….. Sopo

S. Pujud: aku ora ngerti mas…aku yo mrinding……

Tukirah : aku tukirah, bojone kang setu kang mbok piloro aku kang 0ra trimake bojoku disio-sio…………….

S. Pujud    : aku njuk pangapura

S. Julung   : aku ora gawe sengsarane bojomu

Tukirah     : loro bales loro,…….. Pati bales pati wirang bales wirang……. Ha…ha..hi,…hi…..

Wong loro mlayu sak pole ngati ono mejo lankarepe arep nembak tukirahning, ora kroso wong loro tembak-tembakan dewe wong loro podo mati.


















Adegen 5

SETING      :rumah setu,meja dawa, untuk tidur tukirah yang sudah hadap ke utara ditutup dengan jarik
Musik       : mencekam dan sedih
Didahuli tari setanan
Orang berkumpul di rumah setu  untuk menyemayamkan tukirah,…..Setu sajak linglung, wos ora ona kang bisa pikir mung nibo tangi mergo awake wus pating brethu mergo di antemi

Setu nuju ngarepe pesreane bojone njerit kepati


Setu        ; TUKIRAH…..TUKIRAH….AKU MBOK TINGGAL TUKIRAH, WO…….. IBLIS…IBLIS KOWE NGATMO SETAN……

MIJAH       : HE NGATEMO ORA ONO …WIS ORA NANG NGOMAH WUS MLAYU……………….

 

Setu saya linglung


Solainah    :wong sak kowe, mung bakal dadi wong kang gampang diapusi, dipala di rusak diembe…lan diidak-idak , setu mung wong cilik wong kang ora iso ngopo-ngopo, setu mung wong bodo wong kang blas ora iso ngopo-ngopo, obaho kleru, mlipiro kleru, njungkello kleru………….. Setu…setu

Setu saya linglung


Mijah       : he tu wong kene wus ora gelem ono kowe, kowe mung wong bambung wong kang gowo pagebluk , wong bodo longa-longo koyo kebo….minggato…….

Wong deso   : omahmu sangar, tukirah ngantung, pulung gantung wus seneng karo desane dewe yo mung mergo kluargamu, wus ora apik yen kowe nang desa kene minggato wae minggato

Setu linglung……….. Nganggo tali setu nekak awake dewe……..

Mbok ginah njempling


Mbok ginah  : setu…………..

Wong deso         ; minggat
tamat



Di nyanyeke yen iso………..
Njareminging ati kang kelangan rasa satuhu jero……
Ebo mlebu ing sak jroning trowongan kang sepi
Kasaput kagulung deresing angin
Sirno bebarengan wektu

0 comments:

Post a Comment